KUMPULAN TEKS KHUTBAH



بسم الله الرحمن الرحيم
الحمد لله الصلاة والسلام () عليك والآل ايا خير الأنام
رب كريم عليك وانت ذو خلق عظيم () فاشفع لنا فاشفع لنا عند الكريم
يا رحمة للعالمين والتمام ()  والخير منك والنجاح والسلام
يا ايها الغوث سلام الله () عليك ربني بإذن الله
وانظر الي سيدي بنظرة () موصلة للحضرة العلية
اما بعد

            Bihadrotil Kuroma’, para ‘Alim Ulama’, Masyayih Asaatidz. Ingkang kawulo hormati, wabil khusus beliau Al-Mukarrom Romo Kiai Pengasuh Pesantren At-Tahdzib ingkang tansah kawulo tenggo wedar sabdo saha pengendikanipun. Al-Mukarromah wa Ahli Baitiha ingkang tansah kawulo dere’i, jami’il Asatidz wal Ustadzat ingkang kawulo mulyaaken, Santriwan-Santriwati ingkang dipun Rohmati Allah SWT, pranata Hadicoro ingkang kawulo ta’ati.

            Ingkang kaping sepindah, monggo kito tansah ngaturaken puja Tasyakur saha Tahmid dumateng ngerso dalem Allah SWT, ingkang tansah paring kenikmatan-kenikmatan, sehinggo kito sedanten saget makempal wonten majlis igkang mubarok puniko, kanthi mboten wonten aral satunggal punopo. Monggo raos Tasyakur saha Tahmid kitha menika, kito wujudaken kanthi waosan hamdalah biqoulina Al-Hamdulilahirobbil ‘Alamin.

            Ingkang kaping kekalih, shalawat saha salam mugio tansah atur kunjuk dumateng ngerso dalem priantun agung, inggih puniko Rosul SAW, ingkang sampun ngedalaken kito sedanten 

من ظلمة القلوب وضلالها الى فجر الإيمان .. Monggo raos mahabbah kito, kito wujudaken kanthi waosan sholawat biqoulina الصلاة والسلام عليك وعلى الك ياسيدي يارسول الله -علمني وربني-.

            Selajeng nipun salam ikroman Wata’dziman wa Mahabbah, mugio tansah keaturaken dumateng Auliya’illah wa Ahbabillah min Awwalihim ila akhirihim khushushon Sultonul Auliya’ Ghoutsi Hadza Zaman rodliyallahu ’anhum. Mugio para priantun-priantun agung ingkang kawulo sebat-sebat ing inggil puniko, khususipun beliau Rosul SAW wa Ghoutsu hadza zaman Radliyallahu ’Anhu. Kerso paring syafa’at, tarbiyyah, saha pengestunipun dumateng kito sedanten, utaminipun wonten ing dalhu meniko, sehinggo hadicoro puniko sesarengan kalian Ridlo Allah SWT, Syafa’at Rasul SAW, Nadroh Ghoutsi HZ R.A. Ingkang pungkasanipun nuwuhaken pinten-pinten ilmu hikmah ingkang manfa’at kagem kito sedanten fiddini waddunya wal aakhiroh. Amin-amin yarobbal ‘alamin.

            Kawulo jumenngwonten minbar khitobiyyah ingkang mubarokah puniko, minongko asal tugas, mandzat ingkang abot tapi mulyo sangking bapak-bapak guru, supados dados sesuleh sangking kelas gangsal kakung kalian tema ذم كثرة الضحك وفضيلة البكاء  inggih puniko ala nipun katah ngggujeng saha fadilahipun mular (خشية على الله (.

            Setengah saking fadhilahipun mular amargi ajrih dumateng Allah SWT, inggih puniko ingkang dituturaken wontn kitab رياض الصالحين halaman 116 ingkang uninipun inggih puniko 

وعن ابي هريرة رضي الله عنه قال رسول الله صلى الله عليه وسلم سبعة يظلهم الله في ظله يوم لاظل الا ظله
            Pitong golongan / pantan ingkang bakal di iyub-iyubi deneing allah swt wonten iyub-iyube Allah SWT mbenjang ing dalem dinten ingkang mboten wonten iyub-iyuban kejobo iyub-iyubane Allah SWT, ingkang salah satunggal saking SAB’ATUN puniko, inggih meniko 
رجل ذكر الله خاليا ففاضت عيناه –متفق عليه-
            Ingkang imut dumateng allah ing dalem tingkah spi lajeng mular, brebes mili amargi ajrih dumateng allah swt. Hadits ingkang lintu wonten kitab lan bab ingkang sami, uninipun inggih puniko. Ignkang dipun riwayatakn imam turmudzi saking abi umamah r.a yaiku

عن ابي امامة رضي الله عنه عن النبي صلى الله عليه وسلم قال ليس شيئ احب الى الله من قطرتين وائرين
            Mboten wonten satunggal punopo, ingkang langkung dipun cintai, demeni dening allah swt tinimbang dua macem tetes. Lelabetan kaleh salah satunggal nipun saking   قطرتين inggih puniko
قطرة دموع من خشية الله رواه الرميذى inggih puniko satunggal tetes loh ingkang medal amargi ajrih dumateng Allah SWT.

            Wonten kitab جامع الاصول diterangaken جمود العين من قسوة القلب atose saca /mata, shinggo mbaten saget nangis/ mular iku disebabaken saking atosepun manah  kulo panjenengan. وقسوة القلب من كثرة الذنوب lan atose manah niku disebabaken sakingkatahe duso, maksiyat ingkang kawulo panjenengan damel.

            Sebab-sbab lintu, ingkang damel kawulo panjenengan mboten saget mular inggih puniko  كثرة الضحك amargi katah ngguyune ingkangdamel manah kawulo sdoyo dados atos/pejah.

            Wonten salah satunggal hadits ingkang dipun riwayataken Abu Nu’aim saking Ibnu Abas r.a ingkang uninipun inggih puniko من اذنب وهو يضحك دخل النار وهو يبكى sinten tiyange ingkang damel duso, lajeng nggujeng mongko bakale mlebet neroko kalian nangis na’u dzu billah min dzalik.

            Lajeng, perkawis punopo mawon ingkang damel manah kito sedoyo mboten pejah, salah satunggal saking cara-cara supados manah kito mboten atos sak lintune ninggal perkawis ingkang dipun larang denimg Allah SWT warosulihi saw. Saha ninggalaken katah nggujeng, inggih puniko kalian nyuwun syafa’at dumatheng rosul saw, kalian waosan shalawat dumateng beliau 

لقوله صلى الله عليه وسلم صلوا علي فإن الصلاة علي كفارة لكم وزكاة ( رواه ابن عاصم عن انس ابن مالك )
            Mugi-mugi kitho sedanten diparingi manah ingkang urip dening Allah SWT, saha sadar dumateng allah swt.  
امين
ولقوله صلى الله عليه وسلم امثروا علي من الصلاة في يوم الجمعة فإنه ليس احد يصلى علي يوم الجمعة الا عرضت علي صلاته ( رواه الحاكم وغيره عن ابن مسعود )
            Dados, dhalu meniko bertepatan kalian dinten jum’ah. Dados shalawat ingkang dipun waos wonten din ten jum’ah, anging pestine dipersaakn dumateng Rosul, Al-Faatihah ?

            Cekap semanten ingkang saget kawulo sampeaken, langkung sak kethik ingkang manfa’at tinimbang katah mboten manfa’at, sedoyo kekhilafan kulo nyuwun agunge pangaputen.

وبالله التوفيق والهداية ومن الرسول صلى الله عليه وسلام الشافعة ومن الغوث رضي الله عنه النظرة والبركة
 والسلام عليكم ورحمة الله وبركته

Tidak ada komentar: